Site icon Kwartir Daerah Gerakan Pramuka Jawa Tengah

Tumbu Nemoni Tutup – KWARCAB PURBALINGGA

Tumbu Nemoni Tutup - KWARCAB PURBALINGGA

Dening : Kang Tarko

Klamit…….kula Bumbu Lading …..ketemu maning nang dopokane Simpul Pramuka.

Ora kaya padatane, biasane angger sore sore, kang Nakim sing kloyong klinong maring gubugane Uwa Ca Menawi, utawa mbekayu Borek sing ngendong maring gone uwa Ca.Nanging sore kuwe wong sketelon wis padha dopokan nang gone kang Nakim.

Barat gurubugan mangsa kesanga sing gemrubyug ngibrit maring ngidul parane, nambahi gayeng dopokane wong telu kuwe.

Mbekayu Borek sing nembe rampung mberesi blarak terus senggene melu njagong nang jejere uwa Ca Menawi, mbekayu borek keton bombong banget praupane. Kang Nakim takon , rika bungah temen ana apa yu ? mbekayu Borek banjur semaur, inyong agi bungah banget rasane, sukur pisan atine

Karo ngempot klobot klagenane, Uwa Ca Menawi nyambung takon,,bungah ana apa Rek…? Kiye wa, kon ora bungah kepriwe jajal,Pramuka Kwarcab Purbalingga Tahun 2021 sekiye panen Juara nang lomba Kwartir Derrah Provinsi Jawa Tengah.kaya kuwe wangsulane mbekayu Borek karo kiprak kiprak bungah bnaget..

Kang Nakim sing urung ngetri mula bukane, nyelani takon, panen juara apa bae ? banene koh nyenengna temen ? mbekayu borek banjur menyat njanggleng karo njunjung tangane mulai ngetung karo nekuk jenthik, kiye rungokna Bidang Humas Prookol Juara siji, bidang Bina Muda Juara telu, Bidang Organisasi hukum juara telu, Bidang Abdimas Lingkungan Hidup juara telu, sing kabeh mau klebu nang tataran tingkat Utama.

Krungu wangsulane mbekayu borek sing genah tur gambling, Uwa Ca Menanawi manggut-manggut melu seneng, Uwa Ca Menawi Banjur aweh kojah, pancen Kuwe ora salah

Bener banget Pramuka Purbalingga sing di Pimpin dening Pak Beno pancen tambah gayeng lan Grengseng, Pak Beno piyayine Visioner, penguruse pada Inovatif, kreatif, guyub lan kompak, bebasan kaya T umbu Nemoni Tutup, dadi memper bae angger taun kiye Kwarcab Purbalingga Panen Juara.

Mulane Uwa Ca Menawi njaluk maring kabeh pengurus lan anggota Pramuka Purbalingga kudu tetep kompak semangat maju bareng kanggo mulang wuruk generasi muda Purbalingga, semangat maju terus,,, saeyeg saeka praya holobis kuntul baris

Salam Pramuka

Klilan..

Exit mobile version