Klamit
Kula bumbu lading
Ketemu maning karo inyong nang dopokan Simpul Pramuka lembar kie. Muga-muga sedulur, kanca batir kabeh seger waras. Semeno uga penyuwune uwa ca menawi, kang nakim, apadene mbekayu Tebok. Muga-muga sedulur kabeh tansah ginanjar waras. Rejekine sing pada semulur. Kahanan siki sawisw pandemic covid mandan reda, uwa ca menawi, mbekayu borek lan nakim sekanca wargane pada ngrasa bungah merga anak putu buyute wis molaih bisa pada sekolah maning. Uga bisa melu kegiatan-kegiatan liane.
Sing saperlu kanggo nambah pengetahuan, keterampilan dan ketangkasan bocah-bocah kabeh. Naning uwa ca menawi, kang nakim, mbekayu borek mandan priatin, merga keprungu nang kana-kana, lan ndeleng nang televisi esih ana bae kedadean-kedadean sing ora patut, kaya dene ana tawuran antar warga, ana tawuran antar pelajar, ana tawuran para remaja, lan uga ana tindakan-tindakan kekerasan liane sing gawe rugi maring liyan.
Nah kahanan kuwe mau dadi priatine inyong sakanca batir kanggone anggota Gerakan Pramuka. Ndeleng kahanan sing mengkono uwa ca menawai sing duwe putu agi pada seneng kegladen lantaran Pramuka aweh piweling, supaya dadi golehe dadi anggota Pramuka kuwe kudu bener-bener kanggo nata ati, mapanaken jiwa raga lan rasa supaya dadi jejering nom-noman sing bisa kena kanggo patuladan.
Aja malah anggota Pramuka melu nglakoni barang-barang sing ora becik, sing ora patut lan tercela. Naning sewalike Pramuka kudu ngedohaken perpecahan, ngedohaken tukaran tapi kudu tansah merekaken kerukunan lan perdamaian.
Ora aneh lan ora nganak-nganaken yen tekane saiki pancen anggota Pramuka esih bisa detiru lan bisa kanggo patuladan. Bocah-bocah Pramuka apa kuwe sing Siaga, Penggalang, Penegak lan Pandega tetep keton guyub lan rukun. Ora krungu ana padudon cilikane, gedeane dadi pasulayan. Ning kabeh anggota Pramuka saking Sabang tekan Merakue tansah nyawiji. Uripe pada rukun, pada tulung tinulungan, lan ora nganak-nganakaken lan ora mameraken yen Pramuka pancen bisa kanggo agen Perdamaian, utawa Bahasa sing menterenge Pramuka bener-bener bisa dadi agen of peace. Sing tegese pancen tekan siki Pramuka bener-bener bisa kanggo agen lan pamiketing kerekunan.
Yakuwe sing diwujudaken kanthi gegladen lan latihan keterampilan – keterampilan sing kena kanggo modal sanguninh urip kapingarepe. Ora mung gegladen babagan tali temali, pentas seni lan keterampilan liane nanging uga kegaleden nang babagan majune IT. Mula Pramuka nganggo kemajuan teknologi kie uga dienggo dadi sarana menjalin persatuan dan kesatuan, menjalin kerukunan kanca batir sing nganggo media sosial.
Mung uwa ca menawi aweh piweling, aja ngasi nang majune jaman siki, Pramuka kebablasen anggone nekuni lan nggulawentah kemajuan IT. Nanging Pramuka kudu tetep nganggo angger-anggereng Tri satya lan Dasadarma. Insyaallah kanti cecekelane Tri Satya lan Dasadarma kapingarep Pramuka bener-bener tetep dadi patuladan kanggo mujudaken kerukunan, persatuan lan keguyuban.
Ora salah yen Pramuka pancen bisa dadi agen perdamaian utawa agen of peace. Mulane uwa ca menawi, mbekayu tebok lan kang nakim ajek lan aweh pepeling ming anak putu kabeh, ayo aja pada padudon, aja pada tukaran ning tetep guyub rukun, kaya dene bebasane wong tuwa gemiyen, “Rukun agawe santosa, congkrah agawe bubrah” .
Mulane mayuh kabeh, kanca sedulur anak putune uwa ca menawai kanti dadi anggota Gerakan Pramuka, inyong nengenaken kerukunan, ngadohaken pasulayan.
Klilan
Penulis : Sutarko, S.Pd (Waka Binamuda Kwarcab Purbalingga)

